Cerkak Bahasa Jawa

Tugas Basa Jawa Cerkak

SMA NEGERI 3 LUMAJANG

Pangripta : 
1. Fairuz Nur Fadhilah
2. Bella Qur'ani Hartanti

XII MIPA 5

GARA GARA GORO

Dino jum’at, sak banjure muleh sekolah. dita bocah sma lan bocah  kos seng  arepe muleh menyang umah e lan tasik ngeringkesi barang – barange seng kate digowo wangsul, wayah sore kuwi ing lumajang udan deres lan badai petir. Dita bingung arep muleh opo pancet meneng ing kos kosan. dita nelpon bapake, nanging ora diangkat. Sakmarine dita ringkesi barang e ing kosan, dita wis siap kate muleh menyang umah e, umah e riska kuwi ing jatiroto, adoh banget teko kos e dita. Udan wis ora diewangi karo bledek, dita nelpo bapak e maneh. ora diangkat, nangin ono sing jawab  “ nomor sing njenengan tuju, sek sibuk”.  Dita malah tambah bingung, suwe ngenteni telpon, udan e malah rada terang. Dita mekso muleh amergo dita kangen karo ibuke.
Gerimis gerimis dita ngenteni lin ing ngarepe kafe pinggire sekolahane, dita ngenteni lin suwe  nganti kademen. wes suwe dita ngenteni, mari ngunu dita kok ketok ferdi. Ferdi kuwi konco sak kelas e dita lan konco rakete dita mulai kelas 11, ferdi nguwasno dita pisan lan alon alon arepe menggok marani dita. Dita ora ngiro lek ferdi kuwo kate menggok marani de’e. Dita meneng mandengi hp lan nelpon I bapak e, wayah ferdi marani dita lan nyelok jenenge, dita kaget lan langsung nuleh ing arah ferdi. “Dit, samean lapo? Kok dewean? Ngelamuni hp mane” takon ferdi. “ iki loh aku ngenteni lin, kate wangsul ing jatiroto” wangsul dita ambek njegigil. “ owalah, wes suwe iki yo sampe kademen kuwi” omong e ferdi ambek mudun teko sepeda montor. “iyo iki suwe mulai maeng ga nemu lin, nelpon bapak yo ora diangkat. Bingung aku saiki” omong dita ambi bingung. “ opoo kok bingung? Tak terno aku ta? Ayo wes” omong ferdi lan nawari. Dita sek bingung ora langsung jawab, ferdi malah luwih bingung ing watek e dita amarga ditakoni malah ngealamun.
“He, ditakoni kok malah ngelamun se” omong ferdi ambi njawil dita. “eh, tapi ndak popo ta? Umahku loh adoh engko lek samian digoleki ibuk e piye? Maneh iki wes sore, engko tutuk umah e samian yo kate maghrib” wangsule dita ambi omong lirih. “wes ndak popo nek aku, ora usah khuwatir” wangsul ferdi. Wero jawabane ferdi ngunu, dita wes ora piker maneh lan langsung numpak ing sepeda e ferdi.
Sak tutuk e ing umah e dita, wayah iku udan e wes terang lan awan e cerah. Ing sebelah umah e dita akeh tonggo seng ngumpul ngumpul ing amben cilik. Dita mudun teko sepeda lan nawari ferdi dikongkon mampir sek lan nyopo wong tuwo e dita, nanging ferdi ora gelem lan langsung muleh wae amergo wedi ing dalan maneh wayahe kate maghrib lan ing dalanan pasti sepi lan akeh begal dadi dita yo ngerteni kuwi lan ngolehi ferdi langsung muleh. Tonggo tonggo e dita sing ngrumpi ing sebelah umah dita kuwi ngerasani dita sampe krungu kuping e dita. Neng dita ora reken lan ora dirungkono amergo ora penting.
Dita mbuka lawang melbu umah lan ngucap salam, “Assamuallaikum”. Salam e dita ora ono sing jawab, dita melbu memburi golek i ibuke lan bapak e nanging ora ono ing umah. Dita lansung melbu kamar lan turu.

Suwe dita turu, sampe wayah isuk dita tangi lan lansung metu teko kamar jupuk ombe lan golek I ibuk e. “ buk, ibuk” melung dita ambi golek i ibuk e ing jero kamar. “ he, opo nduk? Wes tangi samian, ibuk ono ing pawon” timbal ibuk e dita. “ inggih buk, wingi sonten njenengan ing pundi buk? Kok ora ono ing umah?” takon dita ambi mlaku ing pawon. “ oh wingi kuwi ibuk bowoh nduk ing banyu putih, samian wangsul kok ora kondo nduk? Wingi wangsul jam piro? Kok ora nelpon bapak riyen? Wingi ing lumajang ora udan ta? Wingi wangsul numpak opo?” takon ibuk e dita ngoyo. “ waduh bu, kok akeh temen lek takon, yo siji siji opoo” jawab e dita. “wingi kulo wangsul ambi rancang kulo, asline kula bade nitih lin nanging ora nemu nemu lin e dadi kulo diteraken rencang kulo, maneh yo buk ing lumajang udan deres lan bledek an” tegese dita ambi crito dowo marang ibuke. Ibuke dita ngerteni crito kuwi.
Ora let suwe dita entuk Whats App teko ferdi. Isine pesen kuwi “ dit, ayo metu dolan ambi aku. Aku sumpek ing omah pingin refreshing. Bosen meneng umah tok, maneh ing umah sinau tok”. Dita kaget wero pesen kuwi, lan langsung Voice Note “loh, ojok saiki aku ga oleh nek isuk metu engko ae, wayah jam 10an”. “ iyo wes, nek wes jam 10 aku lansung otw (on the way) umahmu loh yoo” balese ferdi. Neng dita ora diwoco pesen iku amarga dita dikongkong ngumah gombalan. Sawise dita umba umba lan ngersiki umah, dita leyeh leyeh diluk ing kamare lan mbuka hp. Dita bales i WA e ferdi “ iyooo, nek otw ngomong o” ora let suwe dita nerima WA teko ferdi ngomong otw ambi ngirim gambar dalan. Dita kaget lan bingung, dita langsung adus lan ganti klambi sak cepete.
Ora let suwe ferdi WA dita yen de’e meneng ngarepe umah e dita. “ Aku ing ngarep umah, metuo” isi pesan e ferdi. Dita langsung ndang ndang metu ambi mlayu. “ Wooo, arek iki ora kondo sek langsung otw ae” omele  dita ambi ngongkon melbu ferdi ing umah e. “ entenono sek aku jupuk tas diluk. “iyo” wangsul ferdi singkat. Ora let suwe dita jupuk tas, bapake dita teko marani ferdi. “ kate nandi le?” takon e bapake dita ing ferdi. Krungu suarane bapak e, dita langsung mlayu metu mengarep marani ferdi. “ anu pak, kate sinau ing griyo ne rencang” wangsule dita. “ojok sore sore loh yo, iki wes mendung kate udan” omong e bapak e dita ambi ngewas was. “ inggih pak” wangsule ferdi lan dita barengan.
Dita lan ferdi budal dolen, ora ngerti kate dolan menyang ngendi lan ing dalan engkel engkelan karepe dewe. Ing dalan, ferdi takon marang dita “kok ngapusi samian dit, nang bapake?” takone ferdi marang dita. “ engko lak dijawab jujur malah ga oleh metu nang bapak” jawabe dita singkat. “ yo masio, engko lek ono opo opo piye?” omonge ferdi ketus. “ hus, ojo ngomong seng aneh. Wes ayo mlaku, bismillah wae wes, ben ora ono opo opo. Eh iyo iki kate nandi seh? Ora wero tujuan e lah kok yo diterno wae.” Takon dita marang ferdi. “ oh iyo sampe lali nang tujuan, menggok sek ta? Ambe marung aku luwe.” Wangsule ferdi. “ karepe wes” bales dita. Ing dalan ambi clingak clinguk golek i warung kanggo ngasuh.
Dita lan ferdi nemu warung lesehan, ing kunu ferdi lan dita mutusno yen kate dolan ing randuagung, lan wes sepakat yen dolan mrunu. Sak marine ngasuh ferdi lan dita budal maneh ing randuagung, nanging ing sak dalanan ing randuagung udan ne malah deres, ferdi lan dita mandek ing iyupan ambe masang mantel. Mari masang mantel, dita lan ferdi budal maneh menyang randuagung nanging perjalanan e de’e ora iso diterusno amerga dalanan e banjir lan de’e mutusno yen ora budal menyang randuagung. Dita lan ferdi mbalek arah menyang kota, “ dit, samian ora kademen ta? Mandek sek ta? Saaken samian, engko kademen” ngomong marang dita lan ngerangkul dita. Dita mesam mesem ora jelas “ ora popo kok fer” wangsule dita.
Udane wes rodo reda lan ferdi ngejak dita ing mada karipura, wes suwe ferdi pingin dolan mrunu nanging ora sempet, yen ono waktu ora ono konco dijak olan mrunu. Dita yo gelem ae diajak dolan, akhire dita lan ferdi budal menyang mada karipura. Sak suwene ing dalan, udan udan yo diterjang, akhire tutu king tujuan e. wes tutuk neng taman e mada karipura gletek e template jemek, rusuh lan kali ne seng awale bersih bening dai werno coklat, ora enak dipandang lan ing pikirane dita, opo iki adzab e gusti allah yo amergo dolan kondo ne malah sinau. Wes rakaruan pikirane dita. Wes lumayan suwe ing taman mada karipura dita ngejak muleh lan ferdi pisan yo pingin muleh amergo wes sore.
Ing dalanan muleh onk kejadian akeh, dita lan ferdi ngeweruhi kecelakaan parah ing ngarepe, wonge catu kabeh nganti digowo ing ambulan menyang rumah sakit. Sepeda motor e ajor kabeh loro loro ne lan ora let suwe ban sepedah e ferdi bocor. Golek tembelan ora nemu nemu, ferdi lan dita mlaku suwe. Akhire nemu tembelan lan ngenteni suwe, ambe ngenteni sepeda e mari ditembel dita moro moro mberebes mili iluh, ferdi kaget wero dita nangis lan nakoni “ samian kok nangis opoo? Nagis polae mlaku suwi ta? Sepurane sayangku” omonge ferdi  marang dita ambi ngerangkul dita. Ing perasaan iku dita rodo tenang lan jawab pertanyaan e ferdi “ aku wedi fer, opo musibah iki gara gara ngapusi bapak ibuk ku yo? Aku wedi, aku wes durhaka marang bapak lan ibu.” Omonge dita ambe mewek lan mbesesekan. “ ora kok, pancen wes wayah e terjadi yo wes terjadi sayang ku, wes saiki piker positif ae lan akeh akeh iztighfar marang gusti allah.” Tutur e ferdi ambe ngedem dita. Dita mung meneng lan mantuk mantuk.
Adzan ashar, “ wes adzan, ayo sholat sek wes ambe nge jamak sholat dzuhur e maeng. Ikuk onok masjid cedek, ben sepeda e dititip no pak tembelan e diluk.” Ajak e ferdi marang dita. Dita mung mantuk mantuk wae. Sak suwe ne nembel ban lan wes mari ditembel akhire dita muleh ing umahe nanging ing dalan dita kudanan maneh, mantele ferdi wes dibuwak ing taman mada karipura amergo wes rusak suwek suwek lan akhire mandek maneh ngenteni suwe.
Sak suwene udan wes terang, akhire ferdi lan dita balek. Ing dalan wes ora mikir aneh aneh ferdi nyetir sepeda gaspol lan tutk kota lumajang kate maghriban, ferdi sepintas mikir “ eh dit, yaopo lek samian balek ng kos ae, engko bar maghriban samian tak terno ing jatiroto.” Omong e ferdi marang dita, nanging dita ora gelem, dita malah jalok terno ing wonorejo pikire dita beno muleh numpak bis wae. “ loh, nek samian balek diwian engko samian diseneni, terus engko bapak ibuk e samian ngomongno nek aku ga bertanggung jawab, wes ngejak dolan terus ngejarno balek diwian, engko malah aku ga direstui dadi mantu ne ara.” Omong e ferdi ambe guya guyu ora jelas. Wero omong e ferdi kuwi dita mung mesem mesem lan gnomon “ lah terus piye iki?” wangsul dita ambi rodo bingung. “ tak terno aku wes, numpak bis pisan. Aku yo wedi yen balek ngeterno diwian engko ono mas mbak begal” wangsul ferdi ambe guyonan.

Akhire ferdi ngeterno sampe umah e dita lan mampir sediluk. Sak tutuke dita ing umah, bapak e dita meneng ing ngarepe umah ngenteni dita lan ambi wajah ngamuk. “ teko ndi wae, perawan balek maghrib” omong bapak e dita lirih amergo ngerti yen dita bareng ferdi. Dita melbu ing umah e lan salin arepe budal menyang kos. Ing ruang tamu, ferdi ditakon i bapake dita lan bapak e dita ngerteni opo sing diomong ferdi. Sak suwene dita salen lan mlaku ing pawon ibuke dita takon ing dita lan dita jawab pertanyaan e ibuk e. suwe dita ditakoni ibuk, dita metu teko pawon lan jalok terno wangsul ing kos.

Komentar